Air Mata Iboe

Air Mata Iboe ya iku filem saka Hindhia-walanda (saiki Indonésia) kang disutradharai lan ditulis déning Njoo Cheong Seng.[1] Filem iki dadi pungkasan filem kang digawé déning Majestic Film Company kang diduwéni Fred Young.[2] Filem iki diparagani déning Fifi Enom, Rd Ismail, A. Sarosa, lan Ali Yugo. Filem iki nyritakaké sawijining ibu kang nggedèké anaké, nanging dicidrani déning anak mbarepé.[1] Filem iki diiringi nganggo musik keroncong.[1] Nanging saiki, filem Air Mata Iboe dinuga ilang[3]. Filem iki dibabar ing sasi Dhèsèmber 1941.[1] Sawenèh sumber nglapuraké menawa filem iki rampung ing nalika Jepang njajah ing Indonésia (1942-1945) déning Tan Tjoei Hock.[4][5] Filem iki digawé manèh kanthi sesirah kang padha ing taun 1957.[6]

  1. a b c d Filmindonesia.or.id, Air Mata Iboe.
  2. Soerabaijasch Handelsblad 1941, Majestic Film Coy.
  3. Heider 1991.
  4. Biran 2009.
  5. TIM, Fifi Young.
  6. Filmindonesia.or.id, Air Mata Ibu.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search